Jejak Karya

Jejak Karya
Showing posts with label perpustakaan. Show all posts
Showing posts with label perpustakaan. Show all posts

Wednesday, January 13, 2016

PERPUSTAKAAN, SWARGANE SI TUKANG NULIS

Wednesday, January 13, 2016 0 Comments


Nyantai di Kafe Lingga, Hotel Lingga Bandung


Nalika aku isih cilik, aku seneng banget maca.  Wong tuwaku banjur langganan kalawarti bocah, kaya Majalah Bobo lan Donal Bebek. Nalika aku wis SMP lan SMA wong tuwaku ganti langganan kalawarti kanggo remaja, Majalah Aneka Yess lan Majalah Annida. Jaman semono, Bapak uga langganan ariwarti, layang kabar sing metune saben dina. Sanajan gajine bapak dadi pegawe gur cukupan, nanging bapak lan ibuk seneng nek keluargane dadi pinter lan jembar wawasane amarga maca. Sak omah dadi seneng maca kabeh. Ana ing ariwarti apa dene kalawarti kuwi kamot sawernaning kawruh kayata bab agama, bab tetanen, bab dedagangan, bab politik, bab seni, bab sejarah lan sakpanunggalane. Akeh banget faedahe.
Amarga seneng maca, aku yo dadi bocah sing seneng nulis crita. Nganti aku tau melu lomba nulis lan ngringkes buku wacan. Nalika iku, aku bisa makili Kabupaten Wonogiri lomba neng tingkat Provinsi Jawa Tengah. Seneng banget atiku.
Wektu preinan sekolah, aku karo kembaranku kerep lunga nang perpustakaan. Aku maca lan nyilih buku. Saben dina aku ngisi wektu liburanku ana ing perpustakaan kuwi. Kala-kala janjian karo kanca-kanca ben iso dolan bareng.
            Nganti sak iki aku wis urip bebrayan ing Semarang, aku isih seneng maca buku lan langganan tuku kalawarti. Aku uga seneng lunga nang perpustakaan. Ana ing kutha Semarang, aku kerep maca buku utawa nyilih buku nang Perpustakaan Wilayah (Perwil) Provinsi Jawa Tengah, sing manggon ana ing Jalan Sriwijaya.
            Perwil ana 3 tingkat. Tingkat dasar kanggo panggonan ngurusi administrasi, koyo pendaftaran lan nggawe kartu anggota anyar. Menawa arep gawe kartu anggota, kena bayaran Rp 10.000,00. Ana ing tingkat dasar iki uga ana ‘playground’, panggonan kanggo dolanan bocah-bocah. Kajaba kuwi, uga ana loker, WC, lan mushola. Munggah nang lantai 2, ana loker maneh. Loker gunane kanggo nyimpen barang-barang . Awake dhewe mung diolehake nggawa piranti-piranti sabutuhe bae. Cukup nggawa dompet, HP, buku catetan, piranti kanggo nulis utawa laptop. Nang lantai 2, ana ruangan khusus kanggo maca buku anak-anak lan remaja, uga ana ruangan khusus kanggo maca buku nonfiksi, buku novel uga dipisah ana ing ruangan dhewe. Sabanjure, ana ing tingkat 3 ana ruangan kanggo nyimpen buku-buku kuno lan arsip-arsip liyane.
            Neng Perwil Jateng, ana buku-buku sing ora iso disilih kaya buku ensiklopedia, nanging iso di-fotokopi. Ana petugas sing bagian motokopi. Dadine rasah kuatir mbok menawa ana bagian penting saka buku ensiklopedia sing dibutuhake, iso di-fotokopi sakperlune. Sakwise nemtokake buku sing arep disilih, awake dhewe banjur nyang meja petugas. Saiki perpustakaan wis soyo apik lan modern, nganggo sistem komputerisasi, wis ora perlu dicateti siji mboko siji. Kari nunjukake barcode (barcode buku lan kartu anggota perpustakaan) nang alat, langsung diproses kanthi otomatis. Neng cedhak lawang metu uga ana piranti detektor sing gunane kanggo ndeteksi menawa ana pengunjung perpustakaan sing ‘nakal’ (nyilih buku nanging ora ijin). Kesel maca buku utawa sakwise nyilih buku, iso mampir jajan ana ing kantin sisih perpustakaan. Perwil Semarang pancen panggonan sing cocok banget kanggo ngangsu kawruh lan refreshing.
[*]
            Kanggo wong sing seneng moco lan uga seneng nulis crita kaya aku, ana ing perpustakaan  prayogane wis kaya ana ing ‘swarga’. Buku-buku sing ditata rapi ana ing rak buku, ambune dluwang sing khas, nggawe aku betah suwe-suwe ana ing perpustakaan. Pilihan buku sing isa diwaca lan disilih ana werna-werna. Opo meneh nek aku lagi akeh entuk gawean nulis. Perpustakaan dadi panggonan favorit kanggo nggolek referensi wacan. Kajaba kuwi, perpustakaan (Perwil Jateng) iso dadi kantor kapindhoku kanggo nyambut gawe. Tukang nulis crita lan nulis buku wacan dadi gaweanku saiki. Aku iso entuk dhuwit (royalti) saka nulis. Sadurunge nulis, aku kudu nggolek referensi (sumber wacan) sing iso nglengkapi tulisan-tulisanku. Perpustakaan (Perwil Jateng) bener-bener dadi ‘swarga’ kanggoku, si tukang nulis.
            Kajaba buku, neng Perwil Jateng uga ana fasilitas sambungan internet (Wi-Fi) gratis sing super cepet. Umpama pas aku ora nggawa laptop, ana komputer sing iso digunakake. Wah, tambah seneng atiku! Bukune lumayan komplit lan ditata kanthi rapi, ruangane jembar, fasilitase mbantu nggarap gaweanku nulis.
[*]
            “Buku yaiku jendela dunia lan maca sing bisa dadi kuncine.”
            Nanging jendela tanpa omah banjur opo dadine? Perpustakaan kuwi sing dadi omahe. Akeh wong, ora mung siswa, mahasiswa, peneliti, pegawai, ugo wong kang iseng-iseng wae kepengen maca buku padha menyang perpustakaan. Dadi ora bisa dipungkiri menawa perpustakaan bisa dadi salah sawijining panggonan kang migunani.
            Kanggoku perpustakaan akeh banget faedahe, kaya to :
1.      Panggonan sing nyawisake koleksi literatur sing migunani.
2.      Bisa ngrangsang kesenengan maca kanggo masyarakat amarga maca bisa dadi sumber pangaweruhan sing paling gedhe.
3.      Perpustakaan iso dadi panggonan kanggo refreshing.
4.      Akeh sumber informasi sing bisa dientukake saka perpustakaan, lak sak panunggalane.
Amarga saka keuntungan sing akeh kui, prayogane awake dhewe kudu seneng nggolek ilmu ana ing perpustakaan. Awake dhewe uga bisa ngajak kanca utawa keluarga rame-rame menyang perpustakaan.

Bandung, Desember 2015

[Keisya Avicenna]